Banyuwangi, Jurnalnews.com – Kumpulan 61 undharasa using kanggo nyuguhaken sugihe budaya karya Drs. Ir. Jaenuri NZ, M.Pd di luncuraken dino Ahad, 8 Desember 2024 ning LKP ambi TBM “ELIT” Lemahbang Dewo Rogojampi. Buku sewidak siji di persembahano kanggo kado rabine hang diwelasi Dra. Yayuk Werdi Arini, MM. Bu Yayuk hang wis purnatugas dadi guru ring SMPN 2 Rogojampi taun sabene. Tahun iki umure 61. Sekalia hadiah kanggo kutha kelahiran hang wis ke-253 taun sakmarine Perang Puputan Bayu 18 Desember 1771.
Buku sewidak siji (61) iki kumpulan geguritan hang ping 2 sakmarine taun sabene nggawe antologi temane telulikur (23) mergo jumlah puisi 23 lan makna niat hajate.
“Dongakno kesat terus nggawe puisi 99 Asmaul Husna dadi taun ngarep kene kumpul maning. Wis ana modal 23 puisi awal hang durung ISBN mung wis nyebar gratis nong 200 an SD lan MI, ” Jare penggowes onthel lan petani bonsai iki.
Budayawan Aekanu Haryono seneng nyang kancane iku hang padha pinter Basa Inggris ambi miloni nerbitaken buku kanggo amal jariyah nyang generasi bangsa.
“Selamat, Prof Nuri spesial puisi bahasa dhaerah Banyuwangi, yoiku basa Using hang saktemene kanggo tanah kelahiran, ” Jare pendongeng wayang jajang hang seneng b
Nggawe udeng, kaos lukis gandrung ambi sarungan batik iki hang nyelipaken lagu nasional tepak cerita ring ngarepe lalare. Iyane uga siap sosialisasi karya bukune ring sekolah ambi sanggar sanggar seni.
Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Drs. Hasan Basri tambah apresiasi seru nyang Kang Nuri hang melaku ring dalan hang bener ngeluri karyane nong dalan uripe hang endah nong keluarga, agama uga nulihi sak ubenge kauripan kuno nyang anak putu ambi generasi ring rejane jaman.
“Kadhung gedigi isun iling ruwahe Hasan Ali hang sabar telaten muputi kosa kata hang suwi kependem, ” jare guru agama SMPN 1 iki ambi suaro mesesegen lan moto branang abang ulihe nahan miline banyu.
Acara hang diselingi maca puisi, pidato lan ngewer saka murid SMPN 3 Rogojampi hang prestasi nong Festival Sastra Using Dispendik iku, digongi sambutan Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Taufik Rohman, M.Si. kelendhi karya sewidak siji iso gadhuk nong murid lan biso diakses ikawangi lewat e-book. “Selamat lan kesuwun nambah nilai ana karya tulis hang langka iki, ” Jare wong Alas Malang Singojuruh iki ambi nompo buku bareng 45 undangan liyane.
Tamu hang diundang profesine bidha bidho. Ana pencipta lagu, penyiar radio komunitas, wartawan, Youtuber, seniman, pawang, guru, EO lan pegiat literasi.
Marek gesah apresiasi soko hang hadir, penulis jawab,
“Pastine buku terbitan Ide Bangsa Yogyakarta hang ISBN: 978-623-89159-6-5, sak durunge isun koreksi ambi kamus bahasa using Hasan Ali hang dadi cekelane mula. Hang teka ulih buku ambi madhang ngombe khas bumi belambangan. Hang hing teka monggo gandakno dewek. Hun papag tekan ndiko dulur lan bisa tahun ngarep lomba maca undharasa karya isun trophy souvenir ELIT Kiling Osing, ” angene.
Pemandu gesah Bung Aguk Darsono ugo pimpin dungo kirim Al Fatehah kanggo tuan rumah mugo tambah samawa berkah keluargane lan ikhlase. Dilanjutaken kirim dungo kanggo arwahe Hasan Ali, Hasnan Singodimayan, AK Armaya, Andang CY, Bashir Nurdian, H. Sutejo Hadi, Sayun, Suoinah, Indra Gunawan lan pahlawan seniman budayawan Belambangan liyane: Al- Fatehah!” (
Yeti Ch/AWN/SKB)