The Latest Collection of News About Banyuwangi
English VersionIndonesian

Nguri – uri Boso Ibu

nguri-–-uri-boso-ibu
Nguri – uri Boso Ibu
Register your email to Subscribe to news delivered directly to your mailbox

Pusat pengembangan dan Perlindungan Bahasa dan Sastra, Badan Pengembangan dan Permbinaan Bahasa , Kementerian Pendidikan, Culture, Research, dan Teknologi ring tahun 2023 wes nganakaken Revitalisasi Bahasa Daerah hang kejuluk RBD, kanggo 26 provinsi sak Indonesia dalam rangka Merdeka Belajar Episode kaping -17.

Tujuane kegiatan iku kanggo mbangun sinergisitas antarane pemerintah pusat lan pemerintah daerah minongko upoyo kanggo keberhasilane Revitalisasi Bahasa Daerah makne tetep lestari lan sing luntur keterak aruse zaman, sehinggo kearifan lokal hang ono ring daerah biso turun – temurun nyulur nyang anak putu lan generasi sakteruse.

Teko kegiatan Revitalisasi Bahasa Daerah tahun 2023 iku sing mandeg cukup sakmono tapi terus dilanjutaken. sebagai apresiasi kanggo pemerintah daerah ugo para peserta Tunas Bahasa Ibu hang wes berjuang nyuksesaken lan kelebu nguri – uri Bahasa Ibu iku mau arep diwujudaken ring sakjerone kegiatan “Peringatan Hari Bahasa Ibu Tahun 2024” hang arupo Festival Tunas Bahasa Ibu Nasional (FTBIN) hang arep dilaksanakaken mulai dino Rabu, 1 – 5 May 2024 ring Hotel Sultan, Senayan Jakarta. FTBIN iku duduk sebuah lomba anaming murni tampilan kanggo nduduhaken lan ngenalaken boso daerah teko masing- masing provinsi hang ono ring tanah air iki. Panggonane tampilan ring Jalan Anyar Km. 4, Sukahati, Citeureup, Bogor Regency, West Java 16810, pesertane ono 19 UPT provinsi hang dilaksanakaken dino Sabtu, 4 May 2024.

IMG-20240508-WA0017

Teko provinsi hang diundang Ring kegiatan iki yaiku pemerintah daerah lan peserta hang wis kepilih teko daerahe dhewek – dhewek. Ring acara Festival Tunas Bahasa Ibu iki setiap daerah didadekaken cukup sak tampilan baen hang diwatesi durasi 20 minute. Biaya kabeh kanggo kegiatan FTBIN hang arupo transportasi, akomodasi, konsumsi, lan picis kanggo saben dinone fullboard iku kabeh ditanggung ambi Pusat Pengembangan dan Pelindungan Bahasa dan Sastra.

Kontingen utowo peserta Tunas Bahasa ibu teko Jawa Timur diwakili Kabupaten Banyuwangi lan Madura. Adapaun pendamping hang ditunjuk langsung teko penyelenggara, wilayah Banyuwangi Heni Kuriawati, S,Pd lan dibantu Yeti Chotimah, M.Pd, lan Lia Dwi Utami, S,Pd. apan hang teko wilayah Madura Aisyah Minarni Mukti lan Bapak Jefri. Jumlah peserta teko Kabupaten Banyuwangi 14 lare lan teko Madura ugo 14 lare yoiku Happy Ananta Syahrini teko SMPN 3 Banyuwangi, Revan Dava Firdaus SMPN 2 Banyuwangi, Isma Ayu Arifin SMPN 1 Belimbingsari, Gadis Sifatus Soleha SMPN 2 Srono, Deffano Eka Amirlloh SMPN 2 Rogojampi, Ghisni Nuril Alfiani SMPN 3 Rogojampi, Rehan Yanuar SMPN 2 Cluring, Shava Okta Viyana SDN 2 Kedungsari, Ivana Astrid Irawan SDN Kepatihan, Vareza Arya Dika SDN Watukebo, Annisa Rozikul Zukhruf SDN 4 Karangsari, Vania Zerlindah SDN 1 Pakistaji, Kinara Rizqina Farihin SDN 1 Kabat, Arshyl Fadilah Jatmiko SDN 2 Tamansuru. Apan hang teko Madura yaiku Muhammad El Fito Cahaya Jatmika, Devi Delima Maheswari, Khurrotul Kholisoh, Muhammad Fajar Jaya, Nyvidia Angelina Rebecca, Elvina Maulida Putri, Syifa Nurfadhila Ramadhani, Bintang Achmad Fauzani, M. Khairul Aryandika Seftiawan, Siti Rafifatur Rifda, Legina Narulitha Harakan, Cinta Salsabillah Hanny Saputra, Arya Hadi Wijaya, Niki Al Faris, Firman Afandi Firdausi, lan Arkanul Alif.

IMG-20240508-WA0016

Carane rong daerah supoyo biso kecaruk antarane teko Kabupaten Banyuwangi ambi Madura, dino Senin, 1 April 2024 kepungkur wes dikawiti gesah liwat zoom dipandu Balai Bahasa Jawa Timur hang dipiloni Pendamping, kabeh peserta, lan wong tuweke. Kepala Bahasa Jawa Timur Ibu Umi Kultsum nyampekaken liwat zoom iku, mengenai Dino pemberangkatan teko Banyuwangi lan Madura menyang hotel Sultan Bintang 5 Tanah Abang, Jakarta lan nerangaken cara ngisi formular kanggo persyaratan nunggang kapal terbang, Bu Umi ugo negasaken kanggo kontingen kudu pahan nyang juklak juknis kegiatan supoyo pas ngelakoni kegiatan 5 dino biso langsam lan sukses.

Sakteruse, kontingen Jawa Timur, antarane Banyuwangi lan Madura latihan ring daerahe dhewek – dhewek kelawan ngugemi alur panggung hang wes disepakati. Ring sak jerone latihan iku diwuruki bareng – bareng poro pembina ugo dibantu para pendamping hang teko sekolahane peserta. Tepak dino Selasa, 23 April 2024 Balai Bahasa Jawa Timur nganakaken zoom hang kaping pindo antara peserta teko wilayah Banyuwangi lan wilayah Madura kanggo nyelarasaken waktu, musik, lan peran ring sakjerone tampilan.

Dino Rabo, 1 May 2024 kontingen teko Banyuwangi berangkat menyang Jakarta nunggang kapal terbang Super Air jet, lan kumpule ring bandara Blimbingsari jam 08.00 WIB mudhun ring bandara Soekarno Hatta. Gadug hotel langsung pembagian kamar lan istirahat, dino Kamis, 2 May 2024 isuk mruput, lare lare padha gadhuk Senayan milu upacara Hari Pendidikan Nasional, dilanjut acara pembukaan FTBIN nong ballroom hotel. Ibu Franka Makarim hamg nguweni sambutan nyampekaen “Orangtua merupakan sodok penting dalam menciptakan lingkungan bahasa daerah dalam keluarga”.

Dilanjutaken Kepaka Kemendikbudristek Bapak Nadim Makarim hang membuka secara resmi kegiatan FTBIN. Acara padet tensn, kerono soren langsung latihan kolaborasi lare -lare teko wilayah Banyuwangi ambi teko Wilayah Madura. Hjng Jawa Timur baen hsng latihsn, tapi endi ana puju hotel hsng kosong, digawe latihan peserta teko berbagai provinsi. Pas dino Jumat, 3 May 2024 pendamping lan peserta kabeh diajak ngelencer menyang Monas. Nong Monas, lare lare pada diweni cerita sejarah perjuangan Bangsa Indonesia liwat musium hang ana nong njerone Monas. Bersyukur pisan, lare lare di katonaken naskah asli Proklamasi hamg di deleh nang dindinge Monas berlapis emas lan anti peluru. Pas dino Sabtu, 4 May 2024 Kabeh kontingen tampil ring panggung pagelaran kurang lebih 30 menitan.

Delegadi Jawa Timur tampil urutan noner 6. Jatim tampil luar biasa, hsng di tonjolno teko Banyuwangi ana Gandrung, seblang, kebosn, pithik pithiksn lsn jebeng Thulik. Meduro hsng ditampilkan baju adat petsng ksbupaten, sapi_sapisn lan khas tukang sate Mefuro. Dhina tetskhir yaiku Minggu, 5 May 2024 kontingen balik menyang daerahe dhewek – dhewek.(Khomsatun S.Pd. Middle School teacher 3 Rogojampi)